Kamis, 12 Februari 2009

bumi ndang njempalit

zaman akhir pancen nyelot nyata
ing wayah semana mau
tanpa beda prawan utawa jaka
prawan keparep dadi jaka
jaka keparep dadi prawan
sing kudune ngandhut
pengine pethakilan
sing kudune ngayomi
senengane lelenggahan

luwih rowak rawik maneh
mbokne thole pegin macul
pakne thole kon sinau masak
ujare "lanangan kepenak, metu omah
katone golek pangupa jiwa. mulih-mulih nggawa randa.
tanpa ngerti
wong omah jumpalitan ngrumat kluarga"

salah?
ya ora, ning kan wis ana pesthine dhewe-dhewe
aja dumeh kartini wis lahir
banjur disalah-maknane

ya wis ben
zaman cen kudu bubar
cethakna anggonmu malih
cethakna clana ganti jarit,
jarit ganti clana

ngger wis kewolak-walik sak-kabehe
titenana
bumi njempalik
bubar tanpa makna
kabeh mung kagungange gusti kang maha kuwasa

ndang bali ana kodratmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar