Kamis, 13 Maret 2008

tukang ndleming

wis sak wetara wektu aku duwe julukan anyar saka kenya item manis djogja kang arane toeti, ndadak sak durunge dheweke njeluk aku ndoro bagus. walah... kamangkakna awit cuilik aku diparapi den bagus, malah wis kepara luwih sepuluh tahun ora ana sing muni nganggo parapan iku koq dumadakan mak jegagik gandrik galeh asem ujug ujug ana sing njeluk nganggo jeneng lawas. dadi mak nyes kaya entuk ilining tuk ana wayah awan panas kentheng - kentheng. ya wis, muga wae iki widodari sing dikirim saka awang-awang kanggo aku. supaya bisa ngobrak abrik utekku sing wis suwe suwung.

lah piye ta ? koq suwung ?

critane ngene, wis suwe isine ndasku tak jupuk tak titipna jelase tak gadhekna ana perum pegadaian kanggo mbayar cicilan kartu kredit sing cacahe lima, tekan saiki durung bisa katebus dadi ndasku durung ana isine he..he..he.he... ngelantur ta ?

lah piye maneh, jenenge tukang ndleming, omongane mesti ra isa di cekel. yen isa dicekel wis tak goreng wingi - wingi, isa kena lawuh mangan sore.

sekilas jatidiri:
tukang ndleming lahir anak pinggiran wetan kutha yoja, ana sikile gunung kidul. luwih tepate ereng - ereng gunung kidul. wis lumrah yen basane pinggiran banget. cetha yen asli cerak watu adoh ratu, mangan apa - apa ora tuku ( nyolong maksude ). wis ya... kenalan semene dhisik, yen ana wektu sambung maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar