Rabu, 13 Agustus 2008

tuyul si kuncung (maneh)

Masih ingat Bendhol? Dalam kesempatan ini, si Bendhol masih kena dikerjain sama sal. Badan boleh gedhe, otot boleh kuat. Tapi, soal licik sal tiada duanya. Penasaran? Baca dech… sekalian nginget-inget bahasa pribumi, jangan sampai keduluan dibajak Malaysia.
Kanca-kanca kabeh, mesti ngerti ndog gemak. Iku loh, cilik-cilik sing biasane diasongke ana pinggir ndalan. Bocah-bocah padha seneng banget. Ibu-ibu apa maneh. Biasane kanggo campuran nyayur bening utawa sup. Soto akeh uga sing nganggo ndog gemak dicampurake supaya katon nyentrik. Sate ndog gemak uga ana, biasane dijejerke karo sate kikil. Yen sate kikil, mesti apal. Iku rak, gayemanmu kawit cuilik. Padha karo aku. Mulane ra pinter-pinter. Kalah karo bocah landa.

Ing wayah awan ngarepake lohor. Aku, Bendhol, lan ana maneh kancaku liyane telu cacahe. Kawit esuk sak wetara jam wolu, aku ngasak ndog gemak anak kebonan jagung. Gemak liar yen ngendhog biasane ana kono. Ana ndesaku pancen akeh kebon jagung, apa maneh musim rendheng ngene. Gemak alas utawa gemak liar akeh banget yen wayah ngene. Ndogke pating gelethek ana tumpukan uwuh utawa klaras sing slenggreh.

Awan mau, aku entuk akeh tenan. Ana sak plastik prapatan meh kebak. Yen diitung ana selawe mesti luwih. Sak wise, wareg kacang srenthul karo timun olehe nyolong nggone mbah karso aku lan kanca siap-siap mulih.

“Ndol, iki aku entuk ndog polos. Yen wis tak isi nganggo tenaga dalam, ora bakalan kowe isa mecahke” kandhaku karo lambe komat-kamit njur sak sebulake ana ndog mau.

“isi apa, emange kowe sekti?” celatuke Bendhol. “wingi tak dhupak pisan cekengkangan ngaku sekti” ujare umuk.

“awakmu cen gedhe, ototmu kuat. Ning, sadela maneh bakalan ngakoni yen aku luwih pinter” ngana bathin atiku.

Njur aku celuluk maneh “aja umuk sik kowe, yen pancen kowe isa mbuktek-ke isa mecah ndog iki, aku ora selak menawa kowe pancen kuat. Ning ana syarate”

“Apa…” Bendhol, sing gampang emosi ora sabaran. Jelas banget yen kena pancinganku.

“Srengene wayah ngarepe luhur ngene, pas tegak lurus ana nduwur ndasmu. Teorine, sinar srengene sing pas jejek mau othot-othotan karo gravitasi bumi. Gravitasi kowe mesti ra ngerti” ujarku karo manasi Bendhol. Dasar Bendhol, tak omongi ngono langsung ngglinthu ndasku.

“Gravitasi iku ya daya tarik bumi, ngana wae ra ngerti. Trus piye?” Bendhol nyelot ra sabar.

“Mripatmu di picingke, merem separo. Kiwa oleh, tengen ya ra pa pa. sing penting salah siji kudu merem. Njur ndog gemak iki tok trawang, tegak lurus karo srengenge. Pecahen nganggo jempol karo driji. Ayo, ndang buktekna yen pancen kuat” tantangku.

Dudu bendhol jenenge yang ora gembeleng. Krungu ujarku mau, dheweke banjur melu apa sing dadi kandhaku. Aku wis ora kuwawa nahan cekikikan. Nanging tetep tak tahan, nganti anginku metu saka mburi. Ngentut. Dene kanca sing telu maneh, tetep durung paham apa sing tak karepake.

Dumadakan….

Ceprotttt….. ndog gemak kuwi mau pecah, di pencet sak kayange pas ngebaki mripate Bendhol. Ambune amis ra karuan. Dheweke merem-merem klilipen cipratan kulit sing remuk. Ndadak ngana, Bendhol isih durung ngeh yen tak akali. Bendhol muntab njur ngoyak aku sing wis mlayu dhisik sak wise Capung –kancaku sing busiken sikile ngguyu ngakak.

“Ndhol, kowe ki mung diakali. Sak durunge mau si sal wis ngomong bisi-bisik neng aku, yen dhelok maneh arep nyeprotake ndog gemak ning matamu. Eh, malah kowe dhewe sing nyeprotake” ujare Capung.

Bendhol mblayu karo mbengok “jankrik upa, awas kowe Sal!”

1 komentar:

  1. mas.. aku ki wong jowo.. ndeso sisan.. tapi nek baca tulisan bahasa jawa gini aku yo mumet ki.. hahahha

    BalasHapus