Kamis, 14 Agustus 2008

rambut sinigar pitu

rambut
sinigar dadi pitu
kanggo liwat
tapaking sikilmu

mangkono iku pralambang urip
sing kudu diliwati manungsa ana alam padhang
tumuju alam peteng
jaratan

swargaloka
utawi neraka
wus cumepak
ana ing pucuk rambut mau

mbrangkang,
ngesot,
mlaku thimik-thimik,
engklek,
utawa mlayu
terserah, piye caramu

amung siji pesenku, cekalana talining Gusti
bene slamet teka mburi

rambut sinigar pitu,
elingana sak jroning uripmu.

4 komentar:

  1. cima iman dan amal baik yang bisa buat kita bisa lewatin rambut sinigar pitu..

    BalasHapus
  2. la nggih, sampun cekap setunggil,Gusti Allah mawon ingkang dados panulungipun kawulo...

    BalasHapus
  3. wah pake bahasa jawa... sayang bahasa jawaku agak kasar... jadi takut salah dalam menulisnya ^_^ btw nie balasan y kemaren

    uap akan membumbung tinggi
    menjelajah mega hingga bergumpal menjadi awan
    tak hanya air atau api
    sangat benar bila aku akan kembali
    padaNya... Pemilik Rencana Yang Paling Sempurna... @palungsawangga...

    BalasHapus
  4. sukur alhamdulilah,
    isih ono sing ngiling ne.

    BalasHapus