Rabu, 13 Agustus 2008

tuyul si kuncung

yen kelingan aku jaman cilik. mbiyen nyolongan banget, ukil, ngapusi wong. apa maneh yen ketemu wit krambil ijo, wis ra bakalan slamet saka incenganku. utawa ana kayu garing, mesti tak penek tak tegor nganti pernah di oyak sing nduwi wit, merga arep
dinggo dhewe. utawa maneh angger golek kayu garing kanggo masak ora entuk-entuk, biasane mlebu neng lungguh (kebun) tebu, mangan nganti wareg. nek ra ngana mbabiti wit pelem nggone tanggane. utawa jajan nggawa dhuit seket gelo, ning wis nyomot sak genggem permen ning sing diduduhna mung lima.

ana maneh critane pas aku njaili kanca sing ndugal banget. bendhol jenenge amarga sirahe pating pecothot ra karuan. ana ndesaku mbah arjo galak’e ngluwihi pitik ngarak, wayah semana ana pinggir kali, mbah arjo lagi ngguyang sapine. aku sengaja nyeraki mbah arjo karo sapine ning aku mung neng pinggir kali, bendhol ana ngarepku sak wetara 10 meter.

aku ngomong ngene “ndhol, nek tanganmu dudu kiwo kabeh mesti isa nangkep watu iki” jare aku karo nguncalke watu lumayan gedhe.

bendhol sing panas kupinge merga tak omong tangane kiwo kabeh ora tahu isa nyawat kanthi titis njur muntab mbalekna waktu sing tak balangke. aku wis ngira yen ngana. ning aku njur ndodok, ethok-ethok ngising ana pinggir kali karo tanganku dolanan banyu. pas banget watu mau ngenangi bokong sapi. Sapi mbengok karo mengkal sikil mburi. kontan mbah arjo cekengkakang ketendhang sapi.

byuuurr…… teles kecebur kali. ngertine mbah arjo aku lagi ngising ana pinggir kali, dadi ora curiga. sing diawaske langsung si bendhol kuwi mau. di oyak oyak nganti tekan adoh banget.

aku mung ngguyu “iyo mbah, bendhol cen kurang ajar mbabiti sapi sing diguyang, jantur ae mbah, blesekna kali kene”.

mbah arjo ora isa ngoyak bendhol margo umure wis tuwa. “awas, kowe mengko tak kandakke bapakmu, kene nek wani tak jewer kupingmu. Hayo, aja mblayu. Kecandhak tak tetaki ngepok kowe. “ujare mbah arjo karo bengok-bengok kentekan nafas ngoyak bendhol. dene bendhol kaweden mlayu ora wani mulih wedi ndak dikandakke bapakne.

wis, aja di gagas, iki mung crita jaman cilik. durung kenal PS2. aku saiki wis sadar, ora usil maneh. Kejaba kepepet.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar